Oleh: budiesinfo | Maret 1, 2015

Tembung Rangkep

TEMBUNG  RANGKEP

Tembung rangkep utawa reduplikasi iku tembung kang rangkep tembunge utawa saperangan wandane. Tembung rangkep kabedakake dadi telung werna, dwipurwa, dwilingga, lan dwiwasana.

  1. Tembung Dwipurwa

Tembung Dwipurwa iku tembung kang dirangkep wandane ngarep utawa wiwitan (dwi=loro, purwa=ngarep/wiwitan).

  1. Bungah                 > bubungan                 > bebungah
  2. Lara                      > lalara                        > lelara
  3. Gaman                  > gagaman                   >gegaman
  1. Tembung Dwilingga

Tembng dwilingga iku tembung lingga karangkep. Pangrangkepe tembung ana kaang jebles (dwilingga pada swara), la nana kang owah swarane (dwilingga salin swara).

Tuladha :

Dwilingga padha swara         : takon             > takon-takon

: buku              > buku-buku

: watuk            > watuk-watuk
Dwilingga salin swara            : thinguk          > thingak-thinguk

: bali               > bola-bali

: lali                > lola-lali

Ana tembung-tembung kang wujude jebles karo tembung dwilingga, nanging tembung-tembung iku dudu tembung rangkep. Tembung-tembung  iku mau ora kena katlusur linggane, sanajan kena katlusur linggane, nanging surasane wis bedo karo dhapukan tembung dwilingga. Tembung kaya mangkono iku diarani dwilingga mau semu.

Tuladha :

Anting-anting

Ontang-anting

Ondhe-ondhe

  1. Tembung Dwiwasana

Tembung dwiwasana iku tembung kang dirangkep wandane mburi  utawa wanda pungkasan, (dwi=loro, wasana=mburi utawa pungkasan).

Tuladha :         cengis > cengisngis    > cengingis

Cekak  > cekakkak      > cekakak

Cenuk > cenuknuk     >cenunuk
Unduh Tembung Rangkep (docs) atau Unduh Di Sini (docs)

pun kopas langsung saking http://mulok-smp.blogspot.com/2014/06/tembung-rangkep.html


Tinggalkan komentar

Kategori